Anoman....
Anoman kuwi wujud ketkek putih memplak. Duwe kuku dawa ana ing jempol tangane. Jenenge kuku pancanaka, kaya kukune Werkudara.Sandhang panganggone anoman kaya sandhang panganggone Werkudara.
Anoman iku trengginas, trampil cukat utawa mletik. Awake enteng banget prasasat biso mabur. Nalika brubuh Ngalengka. Anoman tinudingdadi senopati prabu Ramawijaya. Awit saka kasektene, Rahwana sabale bisa ditumpes dening anoman sabalane kang awujud kethek.
Anoman iku putrane dewi Anjani patutan karo Bathara Guru ing kahyangan Arga dumilah. Bathara Guru panggedhening para dewa. Dadi Anoman iku setengah dewa. Mula sekti banget lan umure nganti pirang pirang atus taun, bareng wis tuwo Anoman mendeg dadi pandhita, aran Resi Mayangkara.Kasatriyan Kendhalisada diowahi dadi pratapaj Kendhalisada. Cantrika Anoman akeh banget, ing antarane putra pandhawa kayata gathutkaca, antareja, antaseno ugo abimanyu...

Tidak ada komentar:
Posting Komentar